Oleh: piwulang | 5 Desember 2009

PRALAMBANGE NGELMU…

Ing mangke anutugake urut-urute pralambnag kabeh, ananging tegese, sakehing para amarsudi ngelmu pada darbe panemu dewe-dewe, bener luput amborangake ing deduga prayogane , kaya kang kapratelakake ing ngisor iki.

1.  Gigiring Panglu : tegese gigiring mimis, iku ibarat kaelokaning Dzat, dening ora arah ora enggon, ing endi saestuning panggonane, sayekti among dumunung ana Dzating urip kita.

2.   Tambining Pucang : tegese ibarat kaelokane sifating Dzat, dene binasakake dudu lanang dudu woado dudu wandu, kaya apa satemening sifate, sayekti amung dumunung ana sifating urip kita. Ana kang angarani Tambining Pucang iku leng-ing grono loro, saka pangira wau bokmanawa kaliru ing sesurupan.

3.  Wekasaning Langit : tegese iku ibarat wangenane soroting cahya, sumarambah tumeka ing sifat kita.

4.    Wekasaning Samudra Tanpa Tepi : tegese iku ibarat wangenane pangawasing rahsa, sumarambah tumeka ing sifat kita.

5.  Galihing Kangkung : tegese iku ibarat wahananing sukma, dumunung ing kahananing sifat kita.

6.  Geni Sakonang Angasatake Samudra : tegese iku ibarat hawaning nafsu, wimbuh sajroning pancadriya kita.

7.   Manuk Miber Angungkuli Langit : tegese iku ibarat rasaning budi, winbuh sajroning af’al kita.

8.   Prau  Amot  Samudra : tegese, prau iku ibarating jasad, samudra iku ibarating ati sapanunggalane.

9.   Angin Katarik Ing Prau : tegese iku ibarat lakuning napas metu saka ing jasad.

10. Susuhing Angin : tegese iku ibarat paleremaning napas, dumunung ing jantung. Ana kang angarani Susuhing Anging iku rambut, saka pangira bokmanawa kajupuk saka pamrayoga bae.

11.  Bumi  Kapetak  Sajroning  Lemah  : tegese  iku ibarating wujud kita, asal saka ing lemah, ing tembe kapendem ing lemah, iya iku wahanane dadi daging.

12. Amek Geni Adedamar : pada karo : Geni ana Sajroning Geni, utawa : Geni Binasmi ing Geni : tegese iku ibarating wujud kita, asal saka ing geni tansah andadekake geni, iya iku wahanane dadi napsu.

13.  Barat Katiyub ing Angin, pada karo : Angin Anginte Prahara : tegese iku ibarating wujud kita, asal saka ing angin, anggung angingsep anging ametokake angin, iya iku wahanane dadi napas.

14.  Angangsu Pikulan Banyu, pada karo : Banyu ana Sajroning Banyu, utawa : Banyu Kinum Ing Banyu : tegese iku ibarating wujud kita, asal saka banyu tansah kailenan banyu, iya iku wahanane dadi getih, mula ana kang ngarani, banyu sajroning banyu iku getih.

15.  Srengenge Pine, surasane pada karo : Kaca Angemu Srengenge : tegese iku ibarat cahya kasorotan ing, utawa srengenge ana sajroning cahya, iya iku wahanane dadi pramananing netra.

16.  Wiji Ana Sajroning Uwit, Uwit Ana Sajroning Wiji : tegese iku ibarating kawula dumunung ana ing Gusti, Gusti dumunung ana ing kawula, dibasakake pangleburan papan tulis.

17.  Kakanganing Pambarep, Adining Wuragil : tegese iku ibarating martabat Insan-Kamil, ing nalika tanajul, tiba ana wekasan dewe, bareng tekane ing tembe dadi wiwitan, mungguh Insan-Kamil iku wahananing urip kitapribadi.

18.  Busana Kancana Retna ora Amboseni, sairib pada karo : Busana Wastra Tanpa Seret : tegese iku ibarating jasad, busana kancana retna wahanane dadi jasad ing jero, busana wastra wahanane dadi kulit.

19. Tugu Manik Ing Samudra : tegese iku ibarat pantenging cipta terus marang pelenging paningal. Ana kang angarani, tugu manik iku kalam, bokmanawa saka pangira bae.

20. Sawanganing Samudra Retna : dadi ibarataing babu’larbab, tegese, korining Pangeran, iya iku hakekate palawanganing Dzat, dumunung ana ing babahan nawasanga sajroning jasad. Mungguh ing Kabudane, sawanganing samudra retna, iku diarani : kori sela matangkep, dadi ibarat melar mingkusing maras, utawa menga mingkeming lambe.

21. Samudra Winaton  Kilat : dadi ibarating wot siratalmustakim, tegese dalan kang bener, iya iku hakekate pesating atma tumeka ing chalarating Dzat. Ana kang ngarani wot siratalmustakim iku hakekate wetuning pamicara, iku pada pakolehe.

22.  Bale  Tawang  Gantungan  : dadi ibarating ‘arasy kursi, tegesing ‘arasy : padaupan, iya iku hakekate pasewakaning Dzat, dumunung ana ing sirah utawa jaja, tegese kursi : palenggahan, iya iku hakekate palenggahaning Dzat, dumunung ana ing utek utawa jantung.

23. Wiji Tuwuh Ing Watu : dadi ibarating loch kalam, tegesing loch : papan, kasebut, lochilmakful, tegese papankang rineksa, iya iku hakekate sifating Dzat, dumunung ana ing jasad, rineksa ing malaekat Kiraman, tegesing kalam : panyeratan, iya iku hakekate wewayanganing Dzat, dumunung ana ing budi, tumuwuh ing angen-angen, rineksa ing malaekat Katibin.

24. Tengahing Arah : dadi ibarataing mijan, tegesing mijan : taraju, iya iku hakekating panimbanging Dzat, dumunung ana ing paningal, pamiyarsa, pangganda, pangrasa miwah pamiarsa.

Ing saiki amung kajujag samono bae urut-urute panunggalaning pralambang kabeh, manawa kapratelakake ing satutuge tanpa wekasan, tur ora pati andadekake perlu ing surasane, dene manawa ana pralambang elok kang kagawe cangkriman, pradikane diwawasa saka ing deduga prayoga kaya ing ngisor iki.

1.  Sawarnane kang binasakake : gede, amba, dawa, duwur, luwih, sapanunggalane iku dadi ibarate Ananing Dzat.

2.  Sawarnane kang binasakake : cilik, ciyut, cendak, endek, kurang sapanunggalane iku dai ngibarate wahananing sifat.

Upama unen-unen : Botok Banteng winungkus ing godong asem, kabitingan ing alu bengkong, iku pradikane : botok banteng dadi ibarat Ananing Dzat, godong asem dadi ibarat Wahananing Sifat, alu bengkong dadi ibarat Kahananing Af’al kabeh, mungguh dununge mangkene : Ananing Dzat kita awarana Wahananing Sifat kita, tanda ing solah bawa kita, nanging wardine kang sejati iku ora prayoga manawa kagawe rerasanan ing akeh, kenane kawicarakake kalayan kang wis pada tunggal ngelmu, sarta kang wis kalumuhan deduga, tegese wis liwat tengah tuwuh, manawa kawicarakake marang kang durung darbe deduga mundak kadinginan tuwuh, amarga durung dumunung wahananing tumuwuh, lire kaya wirayating para sepuh, ingatase wong urip iku awit saka lair tumeka ing sabanjure, awiyos katuwuhan iradating Dzat kaping rolas, ing dalem satuwuhan, antara nem taun, kaya kang kapratelakake ing ngisor iki.

TUWUHE IRADATING DZAT

1. Awit saka lair tumeka 6 tahun, katuwuhan lali, tegese durung enget (durung eling).

2. Awit umur 7 tahun tumeka 12 tahun, katuwuhan enget.

3. Awit umur 13 tumeka 18 tahun, katuwuhan budi.

4. Awit umur 19 tumeka 24 tahun, katuwuhan birahi.

5. Awit umur 25 tumeka 30 tahun, katuwuhan murka.

6. Awit umur 31 tumeka 36 tahun, katuwuhan wiweka.

7. Awit umur 37 tumeka 42 tahun, katuwuhan deduga.

8. Awit umur 43 tumeka 48 tahun, katuwuhan santosa.

9. Awit umur 49 tumeka 54 tahun, katuwuhan rumangsa.

10. Awit umur 55 tumeka 60 tahun, katuwuhan wirangi.

11. Awit umur 61 tumeka 66 tahun, katuwuhan jatmika.

12. Awit umur 67 tumeka 72 tahun, katuwuhan pepeka.

Dene luwihe saka iku adat katuwuhan lali maneh, tegese asring-asring kalalen, mungguh pratikele supaya aja nganti katuwuhan lali maneh, iku amung anyegaha napsu hawa, sabab sajatine kang dadi laranganing ulah ngelmu kasampurnan iku amung napsu, adat kadunungan ati awas emut, manawa tansah awas emut, tamtu nemu kamulyan ing sangkan paran, iku aku anyumanggakake ing panggalih, sarehne aku durung bisa anglakoni dewe dadi amung atur pepuji bisane kalakon oleh kamulyan.

Iklan

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

Kategori

%d blogger menyukai ini: